bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 17
Isaiah 17
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 16
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 18 →
1
Wangsit tumrap Damsyik. Sanyata Damsyik ora bakal lestari dadi kutha, mengko bakal dadi tumpukan jugrugan;
2
kampung-kampunge bakal disuwungake ing salawase lan bakal dadi papan kanggo pepanthaning raja kaya, kang mlegung kalawan ora karidhu ing sapa-sapa.
3
Efraim bakal kelangan beteng-betenge, lan pangwasaning karajan bakal sirna saka ing Damsyik, uga kekarene Aram bakal sirna kabeh padha kaya kamulyane wong Israel, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa tumitah.
4
Ing wektu iku kamulyane Yakub bakal suda, lan kemakmurane bakal susut;
5
kaanane kaya gandum kang digegem arep dieneni lan tangane methiki wewulen, utawa kaya wewulen kang dipethik ing wong ana ing lembahe wong Refaim.
6
Iku bakal ana turahane kanggo asagan kaya nalika wong ngerog woh jaitun, ana siji loro kang kari ing pucuke, lan ana sawatara ing pang-pange, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
7
Ing wektu iku manungsa bakal mandeng marang Panjenengane kang nitahake, lan mripate bakal nyawang marang Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel;
8
ora bakal mandeng marang misblyah-misbyah gaweane tangane dhewe, lan ora bakal nyawang marang garapaning tangane, yaiku tugu-tugu brahala lan padupan-padupan.
9
Ing wektu iku kutha-kuthanira bakal kasuwungake kaya kutha-kuthane wong Hewi lan wong Amori kang padha ditinggal marga saka wong Israel, satemah banjur dadi sepi mamring.
10
Awit sira wus lali marang Gusti Allah kang wus paring kaslametan marang sira, lan ora eling marang gunung paranging kakuwatanira. Mulane sanadyan sira yasa taman kang endah kang sira tanduri cangkokan saka ing nagara manca,
11
sanadyan nalika sira tandur sira ndadekake suburing thukule, lan ing wektu esuk anggonira nandur cangkokan ndadekake kembange, nanging panenane bakal enggal sirna ing dinaning pilara lan sangsara kang ngedab-edabi.
12
Bilai! Gumerahe bangsa-bangsa akeh, kang padha gumeder kaya ombaking sagara kang gumleger! Ramening suku-suku bangsa, kang padha rame kaya gumuruhing banyu kang ngedab-edabi.
13
Para suku bangsa padha gumerah kaya gumuruhing banyu gedhe; nanging Pangeran Yehuwah paring deduka, satemah banjur padha lumayu adoh, kalawan kesusu kaya mrambut ing panuton kang kabur ing angin, lan kaya dhedhak katiyup ing lesus.
14
Bareng ngarepake sore, lah ana pagiris! Sadurunge esuk, wus ora ana kabeh! Yaiku pandumane wong-wong kang padha ngrayah kita, sarta iya iku kang katemtokake tumrap para wong kang ngrampasi kita.
← Chapter 16
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 18 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66