bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 60
Isaiah 60
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 59
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 61 →
1
Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka, lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira.
2
Awit lah pepeteng nglimputi bumi, tuwin palimengan nutupi bangsa-bangsa; nanging pepadhanging Pangeran Yehuwah mletheki sira, sarta kamulyane katingal mayungi sira.
3
Para bangsa padha gumrudug marani pepadhangira, tuwin para raja padha nekani cahya kang mletheki sira.
4
Ndengengeka lan ndelenga sakubengira, wong kabeh padha nglumpuk marani sira; anak-anakira lanang padha teka saka ing adoh, dene anak-anakira wadon padha digendhong.
5
Ing nalika iku sira bakal eram ndeleng iku lan bungah banget sira bakal gumun lan bakal gedhe atinira, amarga lubering kasugihan ing sabranging sagara bakal ngalih marang sira, lan kasugihane para bangsa bakal nekani sira.
6
Unta kang akeh cacahe bakal ngebaki wilayahira, unta-unta enom saka ing Midian lan Efa. Iku bakal padha teka saka ing Syeba, kalawan momot emas lan menyan, sarta martakake pakaryaning Sang Yehuwah kang misuwur.
7
Sakehing wedhus ing Kedar bakal nglumpuk ana ing ngarepira, wedhus lanang saka ing Nebayot bakal cumawis kanggo pangibadahira; kabeh iku bakal kacaosake ana ing misbyahingSun minangka kurban kang ndadekake keparengingSun, sarta Ingsun bakal damel sumoroting padalemaningSun kang agung.
8
Sapa kang padha teka nglayang-nglayang kaya mega iki lan kaya manuk dara kang marani lawanging pagupone iki?
9
Sanyata Ingsun kang dianti-anti dening pulo-pulo kang adoh; kapal-kapal ing Tarsis padha lumaku ana ing ngarep, padha nggawa anak-anakira lanang saka ing adoh, sarta momot salaka lan emas, kagem asmaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira lan marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allnahe Israel, sabab Panjenengane paring kalulhuran marang sira.
10
para wong ngamanca bakal padha mbangun tembokira, tuwin para ratune bakal ngladeni sira; amarga sajroning bebenduningSun sira wus Sunrangket mung bae Ingsun wus kepareng paring sih-piwelas marang sira.
11
Gapura-gapuranira bakal tansah menga rina lan wengi ora bakal kainebake, supaya wong bisa marakake kasugihane para bangsa marang sira, bebarengan karo para ratune kang padha digiring dadi tawanan
12
Lah bangsa lan karajan kang ora gelem suwita marang sira mesthi bakal sirna; bangsa-bangsa iku bakal karusak, katumpes.
13
Kamulyaning gunung Libanon yaiku wit beros, wit berangan lan wit cemara, bakal uga digawa pisan menyang ing ngarepira, kanggo ngrerengga wewengkone padalemaningSun kang suci, sabab Ingsun arsa damel mulyaning papan kang kaidak ing sampeyaningSun.
14
anak-anake para wong kang nindhes sira bakal padha marani sira kalawan tumungkul, lan sakehe wong kang padha ngala-ala sira bakal sujud nyembah marang tlapakaning sikilira; sarta baka nyebut sira, “kuthaning Pangeran Yehuwah”, “Sion, kagungane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel”.
15
Minangka gegentine kaananira biyen, nalika sira katinggal, disengiti lan ora ditekani ing wong siji-sijia, saiki sira bakal Sundadekake kaluhuran kang langgeng, dadi kabungahan turun-tumurun.
16
Sira bakal nesep susuning para bangsa lan bakal ngombe susuning karajan-karajan; ing kono sira banjur bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Pamartanira, lan Panebusira, Kang Mahasusi, Gusti Allahe Yakub.
17
Minangka gegentining tembaga Ingsun bakal maringi emas, wesi Sunlironi salaka, kayu Sunlironi tembaga, tuwin watu Sunlironi wesi; Ingsun bakal maringi tentrem-rahayu lan kaadilan kang bakal ngayomi lan nata uripira.
18
Ing nagaranira ora bakal ana maneh kabar bab tumindak kanthi kekerasan, bab karusakan utawa gempuran ing wewengkonira; sira bakal ngarani tembokira “Rahayu” lan gapura-gapuranira “Pangalembana”.
19
Srengenge ora bakal dadi kang aweh pepadhang maneh ing wayah awan tumrap sira lan cahyaning rembulan ora bakal aweh pepadhang maneh ing wayah bengi, nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap sira, sarta Gusti Allahira bakal dadi kaluhuranira.
20
Sira bakal kadunungan srengenge kang ora tau surup lan rembulan kang ora angslup, amarga Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang kang langgeng tumrap sira, tuwin dina-dinane anggonira nandhang susah bakal diuwisi.
21
Kabeh kang ngenggoni sira para wong bener, anggone padha nduweni nagara iku ing salawas-lawase; padha kaya cangkokan kang Suntanem piyambak kanggo ngatonake kaluhuraningSun.
22
Kang cilik dhewe bakal dadi golongan kang gedhe, tuwin kang ringkih dhewe bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yehuwah, bakal enggal nindakake iku ing wektu kang wus Suntemtokake.
← Chapter 59
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 61 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66