bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 56
Isaiah 56
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 55
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 57 →
1
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha netepana angger-angger lan njejegna kaadilan, awit sadhela engkas karahayon kang saka Ingsun wus bakal teka, sarta kaadilaningSun bakal kalairake.
2
Rahayu wong kang nglakoni, lan anaking manungsa kang nggondheli iku, kang netepi dina Sabat lan ora dinajisake, sarta kang mekak awake aja nganti nindakake sadhengaha piala.
3
Aja nganti wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah iku celathu: “Pangeran Yehuwah mesthi bakal misah aku saka umate,” sarta aja nganti wong kebiren muni: “Aku iki satemene wit kang garing.”
4
Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Para wong kebiren kang padha netepi dina-dina SabatingSun lan kang padha milih apa kang Sunkarsakake sarta kang gondhelan marang prajanjianingSun,
5
iku ana ing padalemaningSun lan ana ing wewengkoning tembok-tembokingSun bakal Sunparingkae tandha pengetan lan jeneng -- iku luwih becik katimbang karo anak lanang utawa wadon, -- sawijining jeneng kang langgeng kang ora bakal sirna bakal Sunparingake marang wong-wong iku.
6
Anadene para wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah prelu ngladosi Panjenengane, lan nresnani asmaning Sang Yehuwah sarta sumedya ngabdi marang Panjenengane, kabeh kang netepi dina Sabat lan ora najisake, tuwin kang gondhelan marang prajanjianingSun,
7
iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang suci lan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun. Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehan kang kacaosake ana ing misbyahingSun, awit padalemaningSun bakal sinebut dalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.
8
Mangkene pangandikane Pangeran Allah kang nglempakake para wong Israel kang kabuwang: Ingsun bakal nglempakake wong maneh Sunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.”
9
He sakehe kewan ing ara-ara, he sakehe kewan ing alas, padha mrenea lan padha mangana!
10
Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta, kabeh padha ora ngreti apa-apa; kabeh iku asu bisu, kang ora bisa njegug; padha keklemprakan kalawan ngalamun sarta mung padha seneng turu bae;
11
asu-asu kang srakah, kang ora tau krasa wareg. Mangka iya wong-wong iku kang padha dadi pangon, kang padha ora bisa neniteni! Padha lumaku ing dalane dhewe-dhewe kabeh, siji-sijine padha mburu kauntungan, ora ana kang ora mangkono.
12
“Mrenea,” mangkono celathune, “aku arep njupuk anggur, ayo padha ngombe arak kang akeh; sesuk bakal padha karo dina iki, malah luwih dening ngedab-edabi!”
← Chapter 55
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 57 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66