bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Genesis 11
Genesis 11
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 10
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 12 →
1
Wong sak jagat kuwi pada tunggal basané lan tunggal tembungé.
2
Bareng pada mlaku mengétan, terus weruh ara-ara jembar ing negara Sinéar, terus pada manggon ing kono.
3
Terus pada ngomong: “Hayuk kita pada nyitak bata lan diobong sing mateng.” Batané kanggo watu pasangan lan sing digawé mlèster aspal.
4
Tembungé menèh: “Hayuk pada nggawé kuta, nganggo menara sing putyuké sundul langit, supaya jenengé kita dadi kesuwur lan kita aja nganti pating slebar ing sak lumahé bumi.”
5
GUSTI terus medun gelem weruh kuta lan menara sing ijik dibangun karo para anak-anaké manungsa mau;
6
lan tembungé GUSTI: “Wong-wong kuwi pada tunggal bangsa lan tunggal basané; iki ijik wiwitan kekarepané, mengko pikirané bakal ora kena dipenggak apa sing dadi karepé.
7
Mula hayuk, Kita pada medun lan mbingungké basané, supaya siji lan sijiné aja nganti ngerti basané.”
8
Mengkono dadiné GUSTI mbubarké wong-wong mau sangka kono menyang ing sak lumahé bumi, sak nalika pada mandek enggoné pada nggawé kuta.
9
Tilasé mau dijenengké: Babèl, awit ing kono GUSTI enggoné mbingungké basané wong-wong ing sak lumahé bumi, lan sangka kono GUSTI mbuyarké wong-wong mau menyang sak lumahé bumi.
10
Iki turunané Sèm. Sèm waktu umur 100 taun, nduwé anak Arpaksad, sakbaré rong taun banjir gedé.
11
Sakwisé nduwé anak Arpaksad, ijik nduwèni umur 500 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon.
12
Arpaksad waktu umur 35 taun, nduwé anak Sela.
13
Sakwisé nduwé anak Sela, Arpaksad mau ijik nduwèni umur 403 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon.
14
Sela waktu umur 30 taun, nduwé anak Ebèr.
15
Sakwisé nduwé anak Ebèr, Sela ijik nduwèni umur 403 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon.
16
Ebèr waktu umur 34 taun, nduwé anak Pèlèg.
17
Sakwisé nduwé anak Pèlèg, Ebèr mau nduwèni umur 430 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon.
18
Pèlèg waktu umur 30 taun, nduwé anak Réhu.
19
Sakwisé nduwé anak Réhu, Pèlèg ijik nduwèni umur 209 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon.
20
Réhu waktu umur telung puluh loro taun, nduwé anak Séruk.
21
Sakwisé anak Séruk, Réhu mau ijik nduwèni umur 207 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon.
22
Séruk waktu umur telung puluh taun, nduwé anak Nahor.
23
Sakwisé nduwé anak Nahor, Séruk mau ijik nduwèni umur 200 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon.
24
Nahor waktu umur 29 taun, nduwé anak Térah.
25
Sakwisé nduwé anak Térah, Nahor mau ijik nduwèni umur 119 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon.
26
Térah waktu umur pitung puluh taun, nduwé anak Abram, Nahor lan Haran.
27
Iki turunané Térah. Térah nduwé anak Abram, Nahor lan Haran, lan Haran nduwé anak Lot.
28
Haran ninggal ndonya ndisiki Térah bapaké, ing negara kelairané, ya kuwi negara Ur-Kasdim.
29
Abram lan Nahor pada omah-omah, bojoné Abram jenengé Sarai lan bojoné Nahor jenengé Milka, anaké Haran, bapaké Milka lan Yiska.
30
Sarai mau gabuk ora nduwé anak.
31
Térah terus ngajak Abram lan Lot putuné, anaké Haran, uga Sarai bojoné Abram, budal sangka negara Ur-Kasdim karepé menyang negara Kanaan; bareng mlakuné tekan negara Haran, terus pada manggon ing kono.
32
Umuré Térah kuwi 205 taun, terus ninggal ndonya ing Haran kono.
← Chapter 10
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 12 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50