bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Genesis 40
Genesis 40
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 39
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 41 →
1
Sakwisé lelakon mau, juru ombèn lan juru panganan ratuné Egipte pada nggawé kliru marang ratu, ya kuwi ratu ing Egipte mau.
2
Nganti banget nesuné Parao marang pegawéné kraton mau, marang juru ombèn lan juru panganan kuwi.
3
Loro-loroné pada diukum ing omahé penggedéné suradadu ing tunggal pakunjara karo Yosèf.
4
Penggedéné suradadu mau terus ngangkat Yosèf ngladèni wong paukuman loro mau. Kaya mengkono wong loro mau enggoné diukum nganti rodok suwé.
5
Ing sakwijiné mbengi wong loro mau pada ngimpi, impèné déwé-déwé, ya kuwi juru ombèn lan juru panganan ratuné Egipte sing pada diukum ing pakunjara kono, enggoné ngimpi tunggal sewengi, lan tegesé impèn ya béda-béda.
6
Waktu ésuké Yosèf teka mrana, terus weruh yèn loro-loroné ijik pada sedih atiné.
7
Yosèf terus takon marang pegawéné Parao sing pada diukum tunggal sak pakunjara karo dèwèké ing omahé bendarané kuwi, tembungé: “Kenèng apa dina iki sampéyan kok pada kétok sedih ngono?”
8
Semauré wong loro mau: “Awaké déwé pada ngimpi, nanging ora ana wong sing bisa nerangaké tegesé.” Tembungé Yosèf marang wong-wong mau: “Sing bisa nerangaké impèn kuwi mung Gusti Allah? Tyritakké, impèn kuwi marang kula!”
9
Juru ombèn terus nyritakké impèné marang Yosèf, omongé: “Ing sak njeruhné impèn aku weruh wit anggur ana ngarepku.
10
Wit anggur kuwi ana pangé telu, ijik waé enggoné semi, terus ya metu kembangé lan dompolané pada ngetokké woh sing mateng-mateng.
11
Lan gelas ngombéné Parao ing tanganku, woh anggur mau terus tak jupuk lan tak peres ing gelas ngombéné Parao lan gelasé terus tak suguhké ing tangané Parao.”
12
Tembungé Yosèf: “Tegesé impèn iki ngéné: Pangé telu kuwi telung dina,
13
ing njeruhné telung dina kuwi Parao bakal ngluwari sampéyan, lan mbalèkké penggawéan sampéyan sing mbiyèn, nganti sampéyan bakal ngladèkké gelas ombèn marang Parao kaya mbiyèn, nalika sampéyan kerja dadi juru ombèn.
14
Nanging, éling marang kula yèn sampéyan wis olèh kepénak, supaya gelem ngétokké matur kesuwunmu marang kula, karo tyara nyritakké perkara kula iki marang Parao, lan njaluk tulung supaya kula ditoké sangka omah iki.
15
Awit kula iki dityolong ditawan ngono waé sangka negarané wong Ibrani, lan ing kéné kula ora naté nandangi apa-apa, sing njalari kula pantes dilebokké ing omah tutupan iki.”
16
Juru tukang panganan bareng krungu yèn enggoné negesi apik, terus ngomong marang Yosèf: “Aku ya uga ngimpi, kétoké aku nyunggi tampah susun telu isi panganan.
17
Tampah sing nduwur isi panganan werna-werna kanggo Parao, sing diolah tukang masak; nanging tampah sing tak sunggi mau isiné terus dipangani manuk.”
18
Yosèf terus nyauri: “Mengkéné tegesé impèn iki! Tampah susun telu ya telung dina.
19
Ing njeruhné telung dina iki Parao bakal ngunggahké sampéyan menyang panggonan sing duwur, sampéyan bakal digantung ing tyagak, lan manuk-manuk bakal mangan daging sampéyan.”
20
Bareng telung dina, waktu dina lairé Parao, dèkné nganakké pésta kanggo para pegawéné, kabèh juru ombèn lan juru panganan pada diluhurké ing sak tengahé para abdi.
21
Juru ombèn dibalèkaké pangkaté sing lawas, dadi kelakon masrahaké gelas ombèn marang tangané Parao menèh.
22
Nanging juru panganan digantung, tyotyok kaya enggoné negeské Yosèf marang para juru mau.
23
Nanging juru ombèn kuwi ora kèlingan marang Yosèf, nanging lali.
← Chapter 39
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 41 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50