bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Genesis 33
Genesis 33
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 32
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 34 →
1
Yakub terus nyawang adoh lan terus weruh Esau teka ditutké wong 400. Yakub terus ngedum anak-anaké, sak bagéan dipasrahké marang Léa, sak bagéan marang Rahèl lan marang abdiné wadon loro-loroné.
2
Baturé wadon loro lan anak-anaké dipernahaké ana ngarep, Léa lan para anaké ing mburiné, Rahèl lan Yosèf ing mburi déwé.
3
Yakub déwé mlaku ing ngarepé lan sendeku ing lemah kaping pitu, nganti tekan ngarepé kakangé.
4
Esau terus mlayoni lan Yakub dikekep, dirangkul guluné lan diambungi, loro-loroné pada nangis.
5
Bareng Esau weruh para wong wadon lan botyah-botyah, terus takon: “Sing pada mèlu kowé kuwi sapa waé?” Semauré Yakub: “Iki anak-anak pawèhé Gusti Allah marang abdimu iki.”
6
Sakwisé mengkono para batur wadon mau uga para anaké pada maju sujut.
7
Léa lan anak-anaké ya maju lan sujut, terus Yosèf lan Rahèl pada nyedaki lan sujut.
8
Esau terus takon: “Karepmu kepriyé kanggo golongan sing kepetuk aku mau?” Semauré: “Kuwi supaya kula olèh kawelasan sampéyan.”
9
Nanging Esau ngomong menèh: “Adikku, aku wis ora kekurangan, duwèkmu tyekelen dadi duwèkmu déwé.”
10
Yakub terus ngomong: “Aja ngono ta, yèn kula wis olèh kawelasan ana ngarepé sampéyan, gelema nampani pisungsung iki sangka tangan kula, awit bareng kula weruh praupan sampéyan, kula kaya waé weruh praupané Gusti Allah lan sampéyan gelem nampa kula.
11
Mbok sampéyan gelem nampani pisungsung kula sing wis dipasrahké marang sampéyan iki, awit Gusti Allah nindakké kawelasan lan katrésnan marang kula, uga kula wis nduwèni samubarang.” Bareng didesek Esau gelem nampani.
12
Semauré Esau: “Hayuk pada budal nerusaké mlaku, mlakumu bakal tak barengi.”
13
Nanging Yakub nyauri Esau: “Sampéyan ngerti, yèn anak-anak kula ijik kurang kuwat, uga kula nggawa wedus lan sapi sing ijik nusoni, kuwi yèn dipeksa mlakuné sedina waé, mesti sak kumpulan bakal mati kabèh.
14
Sampéyan gelema budal ndisiki kula, nanging kula bakal mlaku alon-alon manut mlakuné kéwan-kéwan ing ngarep kula, uga manut mlakuné anak-anak, nganti kula teka ing ngarepé sampéyan ing Seir.”
15
Esau nyauri: “Yèn mengkono, apik kowé tak tinggali wong-wongku sing mèlu aku iki.” Nanging semauré Yakub: “Ora usah mengkono, kula wis tyukup olèh kawelasan ana ngarepé sampéyan iki.”
16
Dadi Esau terus bali ing dina kuwi menyang negara Seir.
17
Nanging Yakub terus budal menyang Sukot, ing kono nggawé omah, lan bandané digawèkké kandang, mulané panggonan kuwi dijenengké Sukot.
18
Mlakuné Yakub sangka Padan-Aram tekan Sikem negara Kanaan karo slamet, terus ngedekké tarupé ing wétané kuta.
19
Lemah setitik sing dideki tarupé kuwi olèhé tuku sangka para anaké Hamor, bapaké Sikem, karo rega 100 kesitah.
20
Ing kono terus nggawé mesbèh dijenengaké: “Gusti Allahé Israèl kuwi Gusti Allah.”
← Chapter 32
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 34 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50