bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Genesis 6
Genesis 6
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 7 →
1
Nalika manungsa wis wiwit tambah-tambah ing bumi lan pada nduwé anak wadon,
2
para anak Gusti Allah bareng weruh anaké wadon para manungsa kuwi pada ayu-ayu, banjur pada ngepèk bojo karo endi sing disenengi.
3
Ing kono tembungé GUSTI: “Roh-Ku ora bakal selawasé manggon karo manungsa, awit uripé mung nuruti daging, mulané sak terusé umuré mung bakal 120 taun.”
4
Waktu semono ing bumi ana bangsa sing pawakané gedé duwur; sakwisé kuwi ya ana, para anak Gusti Allah pada nuroni anaké wadon para manungsa lan kuwi pada nduwé anak, ya kuwi para wong sing gagah rosa-rosa ing jaman mbiyèn sing jenengé kesuwur.
5
Bareng GUSTI ngerti yèn gedé dosané para manungsa ing bumi, lan sak obahé atiné sakjeké urip mung ala waé,
6
ing kono GUSTI getun nggawé manungsa ing bumi lan nyedihké ati-Né.
7
Tembungé GUSTI: “Manungsa sing wis Tak gawé kuwi bakal Tak entèkké sangka lumahé bumi, manungsa kabèh kéwan-kéwan ingon-ingon, uga kéwan-kéwan mbrangkang, lan manuk ing awang-awang pisan; awit Aku getun enggon-Ku nggawé.”
8
Nanging Noah kuwi olèh kawelasan ing ngarepé GUSTI.
9
Iki sejarahé Noah. Noah kuwi wong bener tanpa tyiri ing antarané para wong sak jamané. Uripé mbangun turut marang Gusti Allah.
10
Noah nduwé anak lanang telu: Sèm, Ham lan Yafèt.
11
Bumi kuwi ing ngarepé Gusti Allah kétok wis rusak lan kebak penggawé ala.
12
Gusti nyawang bumi, tenan-tenan wis rusak banget, awit sak rupané sing urip wis pada mblarah mlakuné ing bumi.
13
Gusti terus ngetokké tembung marang Noah: “Aku wis mutusi bakal mungkasi kabèh sing urip, lan kabèh manungsa awit bumi wis pada dikebaki penggawé ala; mulané bakal Tak entèkké bareng karo bumi.
14
Kowé nggawéa kapal kanggo kowé, sing digawé sangka kayu gofir, kapalé gawénen singget-singgetan, lan ing njabané lan njeruhné osèrana aspal sing kentel.
15
Enggonmu nggawé kuwi mengkéné: dawané kapal telung atus éluh, ambané sèket éluh, duwuré telung puluh éluh.
16
Kapalé dikèki tyendéla mubeng, leté sak éluh sangka payoné, lawangé sèlèhna ing awaké kapal. Enggonmu gawé kapal sungsun-sungsun, ngisor, tengah lan nduwur.
17
Awit Aku bakal nekakké banjir sing ngelepi bumi, kanggo ngentèkké sak rupané sing urip lan nyawa ing sak ngisoré langit; sak kabèhé ing bumi bakal mati.
18
Nanging karo kowé Aku gelem nggawé perjanjian-Ku, kowé bakal mlebu ing kapal kuwi, lan anakmu, bojomu lan bojoné anak-anakmu.
19
Uga samubarang sing urip, sak rupané daging, kuwi gawanen mlebu ing kapal sak jodo-sak jodo, supaya pada bisa urip bareng karo kowé; lanang lan wédok.
20
Werna-werna manuk lan kéwan-kéwan nusoni, uga werna-werna kéwan-kéwan sing mbrangkang ndlosor lan nggremet ing bumi, kuwi saben sak jodo sing bakal nekani kowé supaya bisa urip.
21
Sak terusé kowé nglumpukna samubarang sing kena dipangan, digawé kanggo panganmu lan pangané kéwan-kéwan kuwi mau kabèh.”
22
Noah terus nandangi kabèh, manut apa préntahé Gusti Allah.
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 7 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50