bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Genesis 28
Genesis 28
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 29 →
1
Isak terus nyeluk Yakub, diberkahi lan diweling, tembungé: “Kowé aja golèk bojo botyah wadon Kanaan.
2
Tata-tataa, lungaa menyang negara Padan-Aram, ing omahé Bétuèl, bapaké ibumu, lan nggolèka bojo ing kana, tunggalé anaké Laban seduluré ibumu.
3
Gusti sing Mahakwasa bakal mberkahi kowé, lan didadèkké subur lan tangkar-tumangkara supaya dadi kumpulan bangsa.
4
Kowé dikèki berkah sing kanggo Abraham, ya kowé uga turunanmu, nganti kowé bisa nduwèni negara iki, ya sing kok enggoni kaya wong mantya, sing wis dikèkké Gusti marang Abraham.”
5
Mengkono Isak enggoné ngomongi Yakub; Yakub terus budal menyang Padan-Aram, ing panggonané Laban anaké Bétuèl wong Aram, seduluré Ribka, ibuné Yakub lan Esau.
6
Esau bareng weruh yèn Isak wis mberkahi Yakub, lan dikongkon lunga menyang ing Padan-Aram supaya golèk bojo sangka kana; nalikané mberkahi mau diweling: “Aja golèk bojo wong wadon bangsa Kanaan.”
7
Uga menèh Yakub manut marang tembungé bapak lan ibuné, terus budal menyang Padan-Aram.
8
Esau terus rumangsa yèn wong wadon Kanaan kuwi ora ndadèkké senengé Isak, bapaké.
9
Mulané Esau terus lunga nemoni Ismaél perlu njupuk Mahalat dadi bojoné, diwayuh karo bojoné sing ndisik. Mahalat kuwi anaké Ismaél anaké Abraham, adiké Nébayot.
10
Yakub budal sangka Bèrsyéba menyang ing Haran.
11
Bareng tekan ing sakwijiné panggonan, terus nginep ing kono, awit wis mingslep srengéngé. Terus njupuk watu siji sangka panggonan mau dienggo bantalan, lan turu ing kono.
12
Terus ngimpi: Ana anda ngadek ing bumi sing putyuké sundul langit, lan kétok para mulékaté Gusti Allah munggah-mudun ing anda mau.
13
Dadakan, terus GUSTI ngadek ing sisihé lan ngetokké tembung: “Aku iki GUSTI, Gusti Allahé Abraham leluhurmu lan Gusti Allahé Isak; lemah sing mbok turoni iki bakal Tak wènèhké marang kowé lan turunanmu.
14
Turunanmu bakal dadi kaya lebuné bumi lan kowé bakal tambah-tambah mengétan, mengulon, mengalor lan mengidul, lan sangka kowé lan turunanmu saben bangsa ing bumi bakal pada diberkahi.
15
Aku bakal ngantyani kowé lan Aku bakal ngayomi kowé ing sak paran-paran lan kowé bakal Tak balèkké, menyang ing negara iki menèh, awit kowé ora bakal Tak tégakké, nganti Aku nindakké sembarang sing wis Tak janjèkké marang kowé.”
16
Bareng Yakub nglilir sangka enggoné turu, terus ngomong: “Sak temené GUSTI ing panggonan kéné, lan aku ora ngerti.”
17
Yakub wedi lan ngomong: “Tenan nggegirisi panggonan iki, iki ora liya omahé Gusti Allah lan iki gapurané swarga.”
18
Esuké mruput Yakub njupuk watu sing dienggo bantalan lan didekké dadi tugu lan ing nduwuré diesoki lenga.
19
Panggonan kono mau diarani: Bétel; mbiyèn kuta kuwi diarani: Lus.
20
Yakub terus nggawé janji: “Yèn Gusti Allah nunggal lan njaga aku ing sak uruté dalan sing tak lakoni, lan ngekèki roti sing tak pangan, apa menèh sandangan sing tak enggo,
21
nganti aku mulih ing omahé bapakku lan slamet, mesti GUSTI bakal dadi Gusti Allahku.
22
Déné watu sing wis tak dekké dadi tugu iki bakal dadi omahé Gusti Allah. Apa menèh samubarang sing Gusti ngekèki marang aku iki sak prasepuluhé bakal kula pasrahké marang Gusti.”
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 29 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50