bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Genesis 7
Genesis 7
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 6
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 8 →
1
Sakwisé mengkono GUSTI terus ngetokké tembung marang Noah: “Kowé lan brayatmu kabèh pada mlebua ing kapal, awit kowé kuwi sing Tak sawang ketemu resik ing antarané wong jaman iki.
2
Sak rupané kéwan-kéwan sing halal njupuka pitung jodo, lanang lan wédok, kéwan-kéwan sing ora halal kuwi mung sak jodo, lanang lan wédok.
3
Uga manuk ing awang-awang ya pitung jodo, lanang lan wédok, supaya kena kanggo bibit ing sak lumahé bumi.
4
Awit pitung dina engkas, Aku bakal nekakké udan ing bumi suwéné patang puluh dina patang puluh mbengi, lan kabèh sing Tak gawé bakal Tak entèkké sangka sak lumahé bumi.”
5
Noah terus nandangi apa préntahé GUSTI kabèh.
6
Waktu tekané banjir gedé sing ngelepi bumi, umuré Noah 600 taun.
7
Noah terus mlebu ing kapal bareng karo anak-anaké, lan bojo uga bojoné para anaké, awit sangka tekané banjir mau.
8
Kéwan-kéwan sing halal lan sing ora halal uga manuk lan kabèh sing mbrangkang, ndlosor lan nggremet ing bumi,
9
kuwi pada mara nekani Noah ing kapal sak jodo-sak jodo, kaya sing dadi préntahé Gusti Allah marang Noah.
10
Sakwisé pitung dina mau, banyuné banjir gedé ngelepi bumi.
11
Waktu umuré Noah wis nyandak 600 tauné, ing sasi kaping pindo tanggal pitulas, sakkèhé sumberé sak ngisoré bumi pada bedah lan jendélané langit pada mbukak,
12
terus kelakon udan deres banget ing bumi suwéné patang puluh dina patang puluh mbengi.
13
Ing dina kuwi uga Noah karo Sèm, Ham lan Yafèt para anaké, bojoné Noah lan bojoné para anaké pada munggah ing kapal,
14
wong kuwi kabèh uga sakkèhé kéwan-kéwan werna-werna, kéwan-kéwan ingon-ingon lan sakkèhé kéwan-kéwan mbrangkang ndlosor lan nggremet ing bumi werna-werna, lan manuk-manuk ya kuwi kabèh sing karo wulu lan sewiwi.
15
Kabèh sing urip lan sing nduwé nyawa mau pada nekani Noah mlebu ing kapal sak jodo-sak jodo.
16
Sing pada nekani kuwi lanang lan wédok sangka sak rupané daging sing urip, kaya sing dipréntahké karo Gusti Allah marang Noah. Lan sakwisé mengkono lawangé kapal ditutup karo GUSTI ing sak mburiné Noah.
17
Banjir gedé mau enggoné ngelepi bumi patang puluh dina; banyuné mundak gedé njalari kapalé keangkat mumbul sangka bumi.
18
Banyuné mundak tambah lan mundak gedé ngidap-idapi ngungkuli bumi, kapalé kemampul ing nduwuré banyu.
19
Mundaké banyuné luwih okèh banget rata sak lumahé bumi, nganti kelakon nutupi gunung-gunung sing duwur ing sak ngisoré langit.
20
Gunung-gunung mau ketutupan banyu sing mundak tambah kuwi nganti sepuluh mèter, dadiné gunung-gunung ketutupan banyu,
21
lan sak rupané ing bumi pada mati kabèh: manuk, kéwan ingon-ingon, galak alasan, sak rupané kéwan mbrangkang ndlosor lan nggremet sing kemroyok ing bumi, kabèh sakkèhé manungsa pada mati.
22
Kabèh pada mati, sembarang sing karo ambekané urip ing bolongan irungé, sapa ing daratan, kuwi pada mati kabèh.
23
Mengkono kedadiané sak rupané ing nduwuré bumi, pada dientèkké karo Gusti Allah, wiwit sangka manungsa tekan kéwan-kéwan mbrangkang ndlosor lan nggremet lan manuk ing awang-awang, pada dientèkké resik sangka bumi, mung Noah déwé sing ijik slamet lan kabèh sing katut ing kapal.
24
Banyuné tetep ngungkuli bumi suwéné nganti 150 dina.
← Chapter 6
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 8 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50