bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 10
Job 10
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 11 →
1
“Nyawaku wis jelèh urip, aku arep ngumbar sambatku, aku arep ngomong sak njeruhné kasusahané nyawaku sing pait.
2
Aku arep ngomong marang Gusti Allah: Panjenengan supaya aja nganti nyalahké kula; kula supaya Panjenengan nduduhké, apa sebabé Panjenengan nglawan marang kula.
3
Untungé apa ta kanggo Panjenengan, yèn nindes wong kuwi, yèn Panjenengan ngguwak penggawéané tangan Panjenengan lan Panjenengan ngekèki bantuan marang rantyamané wong duraka?
4
Apa Panjenengan nduwé mripat daging? Enggèn Panjenengan ndelok samubarang apa ya kaya tyarané manungsa enggoné ndelok?
5
Umuré Panjenengan apa mèmper kaya umuré manungsa, itungan taun Panjenengan apa ya kaya umuré wong lanang,
6
nanging Panjenengan kok gelem nggolèki kesalahan kula, lan métani dosa kula,
7
sakjané Panjenengan ngerti, yèn kula duduk wong duraka, lan yèn ora ana wong sing bisa utyul sangka tangan Panjenengan?
8
Tangan Panjenengan sing nganakké lan nggawé kula, nanging Panjenengan kok terus ora gelem weruh kula lan bakal ngentèkké kula?
9
Panjenengan supaya gelem éling, yèn Panjenengan sing nggawé kula sangka lempung, kok bakal Panjenengan dadèkké lebu menèh!
10
Apa duduk Panjenengan sing ngutyurké kula kaya mèlek, kok terus bakal Panjenengan kentelaké dadi kèju?
11
Panjenengan templèki kulit karo daging, Panjenengan enami balung lan otot.
12
Panjenengan ngekèki urip lan kawelasan; nyawa kula Panjenengan jaga lantaran pangrumat Panjenengan.
13
Nanging kahanané sing mengkéné kuwi kok Panjenengan delikké ing njeruhné ati; kula ngerti, yèn kuwi pantyèn wis dadi karep Panjenengan.
14
Yèn kula nggawé dosa, Panjenengan mesti bakal weruh, lan kula ora bakal Panjenengan bébaské tanpa kesalahan.
15
Yèn kula duraka, tyilaka kula; yèn kula bener ya ora bisa ndangak, awit enggèn kula warek kewirangan, lan weruh kasangsarané kula.
16
Yèn kula ndangak, Panjenengan mesti terus ngoyak kula kaya singa lan ngétokké pangwasané Panjenengan sing nggumunaké kuwi marang kula menèh.
17
Panjenengan bakal ngajokké seksi-seksi anyar sing nglawan kula, - Panjenengan nggedèkké bebendu Panjenengan marang kula - Panjenengan bakal ngajokké suradadu-suradadu anyar, malah nyerang marang kula.
18
Apa sebabé Panjenengan ngetokké kula sangka wetengé ibuku? Luwih apik yèn kula mati, sak durungé kula diweruh karo wong,
19
kaya-kaya kula ora tau ana, sangka wetengé ibu terus waé digawa menyang kuburan.
20
Apa dina-dina umur kula ora mung setitik? Panjenengan supaya gelem ngendek kula, supaya kula bisa bungah sak untara,
21
sak durungé kula lunga lan ora mulih menèh menyang negara sing peteng ndedet,
22
marang negara sing peteng ndedet, panggonan sing peteng banget lan ora nggenah, sing sloroté pepadangé pada karo pepeteng.”
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 11 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42