bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 9
Job 9
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 10 →
1
Ing kono Ayub nyauri:
2
“Sejatiné aku wis weruh, yèn kuwi pantyèn mengkono, kepriyé manungsa enggoné bisa ketemu bener ing ngarepé Gusti Allah?
3
Yèn Gusti Allah gelem nggawé perkara, ing 1000 perkara, sak perkara waé mesti ora ana wong bisa mbantah balesané tembungé.
4
Sapa ta, senajan wityaksana atiné lan gedé kekuwatané, sing bisa nglawan marang Panjenengané lan tetep slamet?
5
Ya Panjenengané sing ngelih gunung ora ana wong sing weruh, lan diwolak-walik ing sak njeruhné bebenduné;
6
nggèsèr bumi sangka panggonané, terus tyagak-tyagaké pada gonjing,
7
srengéngé dipréntah, nganti ora njedul; lintang-lintang dikurung karo diségel;
8
Gusti Allah déwé sing mbèbèr langit, sing nglangkahi ombaké segara,
9
sing nggawé lintang-lintangé Prau, lintang-lintangé Wluku lan lintang-lintangé Wuluh, uga lintang-lintang ing kidul;
10
sing nindakké penggawéané sing gedé, ora kena dijajaki; lan mujijaté tanpa kena diitung.
11
Yèn Panjenengané liwat ing sandingku, aku ora weruh, lan yèn mlaku aku ora weruh.
12
Yèn Panjenengané ngrebut apa-apa, sing ngalang-alangi sapa? Sapa sing ngalang-alangi: Apa sing Panjenengan tandangi iki?
13
Gusti Allah ora ngendek bebenduné, para abdiné Rahab pada mbungkuk ing ngarepé.
14
Uga aku, kepriyé bisané nesoni Panjenengané, utawa menèh tembung kanggo nglawan marang Panjenengané?
15
Senajan aku bener, ya mosok bisa mbantah Panjenengané, malah aku kudu njaluk kawelasan marang sing ndakwa aku.
16
Yèn aku nyebut-nyebut, nanging Panjenengané nyauri, aku mesti ya ora ngandel, yèn Panjenengané gelem ngrungokké swaraku;
17
Panjenengané sing nyerang aku karo lésus, lan sing ngakèhké tatuku tanpa sebab,
18
sing ora nglilani aku ambekan, nanging malah mareki aku karo pait-getir.
19
Yèn bab karosan, Panjenengané kuwi sing nduwé. Yèn bab keadilan, sapa sing bisa nggugat Panjenengané?
20
Senajan aku bener, tutukku déwé sing bakal nyalahké aku; senajan aku ora salah, Panjenengané sing bakal nyalahké aku.
21
Aku ora salah! Aku ora perduli awakku, aku ora ngitung uripku.
22
Kabèh kuwi pada waé, mulané tembungku: Wong salah lan wong ora salah loro-loroné pada ditumpes.
23
Yèn petyuté dadakan matèni, Piyambaké terus ngolok-olok putusané wong sing ora salah.
24
Bumi wis dipasrahké marang wong duraka, rèkteré ndonya ditutupi mripaté; yèn duduk Gusti Allah sing nindakké kuwi, lah sapa ta?
25
Playuné dina-dinané umurku banteré ngungkuli kongkonan sing playuné gelis, wis pada asat tanpa weruh kabekjan,
26
kaya mlakuné kapal glagah, kaya maburé manuk garuda sing nyamber memangsané.
27
Yèn kula nduwé tembung mengkéné: Tak lalèkké sambatku, tak buwangé enggonku mbesengut, terus dadi bungah menèh,
28
kula wedi marang kasusahanku kabèh, awit kula ngerti, yèn Panjenengan ora bakal nganggep kula tanpa kesalahan.
29
Kula mesti ditetepaké wong duraka, apa gunané kula nganti kangèlan tanpa pungkasan?
30
Senajan kula adusa banyu salju, lan wisuha nganggo sabun,
31
Panjenengan mesti mblesekké kula ing endutan, terus sandangan kula pada nganggep jijik marang kula.
32
Awit Panjenengané kuwi duduk manungsa kaya aku, sing kena tak kèki jawaban: Hayuk pada bareng nemoni ing ngarepé pengadilan.
33
Ora ana juru misah, sing numpangké tangan marang kita loro-loroné!
34
Terus Panjenengané nyingkirké gepuké sangka awakku, lan aku terus ora wedi ing ngarepé.
35
Yèn kelakon mengkono, aku ya bakal ngomong ora karo wedi marang Panjenengané, awit aku pantyèn ora ngrumangsani kesalahanku.”
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 10 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42