bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 12
Job 12
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 13 →
1
Ayub terus nyauri, tembungé:
2
“Lah ya kowé kuwi sing jenengé manungsa, yèn kowé pada mati, kawityaksanan ya mati bebarengan karo kowé.
3
Aku ya nduwé pikiran kaya kowé, aku ora kalah karo kowé; sapa sing durung tau weruh sing kaya mengkono kuwi?
4
Aku iki dadi guyonan sak pepadaku, aku sing menawa sambat marang Gusti Allah terus dituruti, wong sing apik lan bener dadi guyonan.
5
Sangka panemuné wong sing tentrem uripé, wong sing sangsara kuwi pantesé dityatyat, kuwi kaya gebuk kanggo wong sing sikilé kejengklok.
6
Tarupé wong sing tukang ngrusak pada tentrem lan wong sing nangèkké nesuné Gusti Allah pada ngalami katentreman, mengkono uga para wong sing arep nggegem Gusti Allah ing tangané.
7
Nanging takon ta marang kéwan, kuwi mesti pada didunungké marang kowé, lan takon ta marang manuk ing awang-awang, mesti kowé diduduhké,
8
utawa ngomonga marang bumi, kuwi mesti bakal ngekèki piwulang marang kowé, uga iwak ing segara bakal nyritakné marang kowé.
9
Tunggalé kuwi kabèh sapa sing ora weruh, yèn tangané Gusti Allah sing nindakké kuwi;
10
yèn nyawané kabèh sing urip lan napasé saben manungsa kuwi manggon ing tangan-Né?
11
Kuping apa ora nguji tembung-tembung, kaya tyetak enggoné ngrasakaké pangan?
12
Apa duduk para wong tuwa sing pada kanggonan kawityaksanan, lan wong sing wis okèh umuré kuwi sing nduwé pangertèn?
13
Nanging Gusti Allah kuwi sing nduwé kawityaksanan lan pangwasa. Ya Panjenengané kuwi sing dadi sumberé timbangan pikiran lan kapinteran.
14
Yèn Panjenengané mbungkar, ora ana sing bisa mbangun menèh. Yèn Panjenengané nyekel wong, ora ana sing bisa ngluwari.
15
Yèn Panjenengané mbendung banyu, terus asat kabèh. Yèn Panjenengané nglilani mili menèh, terus ngelepi bumi.
16
Panjenengané nggawa pangwasa lan kemenangan ya sing ngwasani wong sing kesasar lan wong sing nasarké.
17
Panjenengané sing nggiring lan ngudani para mentri, lan sing nggawé bodoné para rèkter.
18
Panjenengané sing ngutyuli tali banda sing dipasang karo para ratu, sing terus pada ditalèni bangkèkané karo tali peniset.
19
Panjenengané sing nggiring lan ngglédahi para imam, lan nggolingké wong sing kuwat.
20
Panjenengané sing mbungkem tyangkemé para wong sing dipertyaya, lan para wong tuwa pada diilangi nalaré.
21
Panjenengané sing nekakké wirang para wong luhur lan sing ngutyuli sabuké para wong sing kuwat.
22
Panjenengané sing mbukak wewadiné pepeteng lan nekakké peteng ndedet ing pepadang.
23
Panjenengané sing ndadèkké tangkar-tumangkaré lan tumpesé para bangsa, lan sing nggawé tambah-tambahé bangsa terus diboyong.
24
Panjenengané sing nggawé para penggedéné ndonya pada ilang akalé lan kesasar ing ara-ara samun sing ora ana dalané,
25
pada gagap-gagap ing pepeteng sing ora ana pepadangé; uga pada digawé gloyoran kaya wong mendem.”
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 13 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42