bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 28
Job 28
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 29 →
1
“Pantyèn ana panggonan nambang slaka lan panggonan nglémbang emas.
2
Wesi diduduk sangka lemah lan tembaga metu sangka watu sing lebur geni.
3
Pepeteng dirampungi karo wong, nganti tekan panggonané sing jeruh-jeruh enggoné nliti watu-watu ing pepeteng lan ing peteng ndedet.
4
Wong sing pada ngeduk tambang kuwi adoh sangka panggonané wong okèh, pada dilalèkké karo wong sing pada mlaku ing nduwur pada nggandul géyang-géyong tanpa antyik-antyik adoh karo wong okèh.
5
Bumi sing ngetokké pangan, ngisoré diwolak-walik kaya déné geni.
6
Watuné kanggonan watu sapir sing isi emas murni.
7
Dalané mbrana ora diweruh karo manuk galak siji-sijia lan ora diweruh karo matané manuk bido,
8
ora diambah karo kéwan galak, lan ya ora ana singa sing liwat ing kono.
9
Watu atos uga ditandangi karo tangané manungsa, gunung-gunung pada dibungkari tekan dasaré.
10
Gunung watu pada dikeduki digawé trowongan, mripaté weruh samubarang sing apik.
11
Rembesé kali-kali pada dibunteti lan apa sing disimpen dietokké ing pepadang.
12
Nanging kawityaksanan kuwi ketemuné ing ngendi, lan ing ngendi panggonané kadunungan?
13
Manungsa ora weruh marang ajiné, lan kuwi ya ora ketemu ing buminé wong urip.
14
Tembungé telengé segara: Aku ora kanggonan. Tembungé segara: Aku ora kanggonan.
15
Ora kena diijoli karo emas murni, utawa diregani karo slaka.
16
Ora kena diregani nganggo emas Ofir utawa nganggo watu onyx sing larang lan sapir sing apik,
17
ora kena ditandingké karo emas utawa katya, utawa diijoli rerékan emas murni.
18
Giwang utawa kristal kuwi sepélé yèn ditimbang karo kuwi. Nduwèni kawityaksanan kuwi luwih apik tenimbangané mutiara.
19
Watu topas sangka negara Etiopia ya ora bisa nandingi; ya ora kena diajèni nganggo emas murni.
20
Kawityaksanan kuwi sangka ngendi asal-usulé, lan kepinteran kuwi ana ngendi panggonané?
21
Kuwi ketutup kanggo mripaté wong urip, malah uga ketutup kanggo manuk ing awang-awang.
22
Kasusahan lan pati ngomong: Kupingku mung krungu kabaré waé.
23
Gusti Allah sing ngerti dalan sing tekan nang kawityaksanan lan weruh panggonané.
24
Awit ngarepé rata tekan pungkasané bumi, lan ngerti apa ing sak ngisoré langit kabèh.
25
Waktu Panjenengané netepké kekuwatané angin, lan netepaké okèhé banyu,
26
waktu nggawé katetepan kanggo udan lan dalané klélapé gluduk,
27
waktu kuwi Panjenengané weruh kawityaksanan sing terus dikabarké, ditetepaké, malah ya dipriksa;
28
nanging marang manungsa tembungé: Lah rasa wedi marang Gusti kuwi kawityaksanan lan nyingkiri sing ala kuwi kepinteran.”
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 29 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42