bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 6
Job 6
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 7 →
1
Ing kono Ayub terus nyauri:
2
“Aduh supaya kangèlanku ditimbang karo titis, lan kasangsaranku disèlèhké ing timbangan!
3
Aboté mesti ngungkuli wedi ing segara; mulané metuné omongku grusah-grusuh.
4
Awit jemparingé sing Mahakwasa pada mantyep ing awakku, ratyuné nesep ing nyawaku; aku krasa sing medèni sangka Gusti Allah.
5
Kimar alasan apa ya nggereng-nggereng ing suketan ijuh, sapi apa ya mbengak-mbengok ing ngarepé pakané?
6
Barang sing tyemplang rasané apa dipangan tanpa uyah, utawa putihé endok apa ana rasané?
7
Ndemok waé aku ora sudi, kanggo aku kuwi pangan sing ngunek-uneki.
8
Ah, supaya penjalukku keturutan, Gusti Allah supaya gelem ngekèki sing dadi pengarep-arepku!
9
Gusti Allah supaya gelem ngremuk aku, ngagakké tangané lan ngendek uripku!
10
Kuwi sing ijik dadi panglipuran kanggo aku, malah aku bakal jingklak-jingklak awit sangka bungahku. Ing sak njeruhné aku ngalami sangsara sing tanpa kawelasan kuwi, awit aku ora tau nyedekki tembungé sing Mahasutyi.
11
Sak pira ta kekuwatané, kok aku bisa tahan, lan apa ta pungkasané awakku, kok aku ijik kudu sabar?
12
Apa kekuwatané kuwi kaya watu? Apa dagingku kaya prunggu?
13
Apa wis ora ana pitulungan babar pisan kanggo aku, lan keslametan wis adoh sangka aku?
14
Wong sing ora welas marang sak pepadané, kuwi nglalèkké ngabekti marang sing Mahakwasa.
15
Sedulurku pada ora kena dipertyaya kaya kali, kaya banyu sing metu sangka dasaré kali,
16
sing butek awit banyuné kentel, salju ing njeruhné dadi èntyèr,
17
ing waktu panas pada mudun, yèn kena ing kekuwatané panas terus asat ing panggonané;
18
iliné ménggak-ménggok, tekan ing ara-ara samun terus mati.
19
Pedagang sangka Tema pada ngingak-nginguk, para pedagang ing Syéba pada ngarep-arep,
20
nanging pada ketyelik awit sangka pengarep-arepé, sak tekané ing kana bakal kapusan.
21
Ya kaya mengkono kuwi kowé kabèh saiki kanggo aku, waktu kowé pada weruh kahanan sing medèni, terus pada kagèt.
22
Apa aku tau omong: Nggawaa olèh-olèh, lan: Aku wènèhana duwit beselan sangka bandamu,
23
utawa: Aku slametna sangka tangané sing nglarani, lan: Aku tebusen sangka tangané wong sing nindes?
24
Aku wulangna, nganti aku bakal meneng; aku ngerti sing dadi kesalahanku.
25
Kepriyé gedéné kwasané pitutur sing jujur! Nanging apa tegesé pamelèhmu kuwi?
26
Apa karepmu kuwi nyalahké tembung? Apa tembungé wong sing entèk pengarep-arepé kuwi dianggep angin?
27
Malah kowé pada mbuwang lotré kanggo botyah lola, nanging kantyamu kok dadèkké barang dagangan.
28
Nanging saiki aku sawangen; aku apa ora bakal ngapusi kowé.
29
Pada mbalika ta, aja nganti ana sing ora jujur sing ditandangi; ya pada mbalika, aku iki tenan-tenan bener.
30
Ing ilatku apa ana durakané? Tyetaku apa ora bisa mbédak-mbédakké kasangsarané?”
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 7 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42