bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 21
Job 21
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 22 →
1
Nanging Ayub nyauri, tembungé:
2
“Rungokna sing tenan ta tembungku, kuwi kanggo panglipurmu.
3
Aku sabarana, aku tak ngomong, sakwisé kuwi kowé pada kena nyepèlèkké.
4
Apa marang manungsa enggonku sambat lan kepriyé enggonku ora pegel atiku?
5
Aku gatèkna, nganti kowé bakal pada nggumun lan nutup tutukmu karo tangan.
6
Yèn tak pikir, aku dadi wedi lan awakku terus gemeter.
7
Kenèng apa wong duraka kok tetep urip, dadi tuwa, malah tukul-tukul kekuwatané?
8
Tansah dirubung karo anak putuné, turunané pada ing ngarepé mripaté.
9
Omahé pada tentrem, ora ana rasa wedi ora ketiban karo pentungé Gusti Allah.
10
Sapiné lanang pada majangi lan mesti dadi, sapiné wédok pada manak ora tau kluron.
11
Anak-anaké lanang pada diumbar kaya kumpulan wedus; anak-anaké pada jingklak-jingklak,
12
Pada nembang digameli terbangan lan siter, lan pada bungah-bungah miturut swarané sulingan.
13
Sakjeké urip pada ngrasakaké urip kepénak lan karo tentrem enggoné mudun ing jagaté wong mati.
14
Nanging tembungé marang Gusti Allah: Minggira sangka aku! Aku pada ora seneng weruh dalan-dalan-Mu.
15
Sing Mahakwasa kuwi sapa ta, nanging aku kok pada kudu ngabekti marang Panjenengané, lan apa gunané, yèn aku pada ndedonga marang Panjenengané?
16
Pantyèn, kabekjané kuwi ora manggon ing tangané. Rantyamané wong duraka kuwi adoh sangka karo aku.
17
Dimaré wong duraka kuwi kerep dipatèni; pada katekan sangsara, lan pada didumi kasusahan karo Gusti Allah sak njeruhné bendu-Né.
18
Pada kaya damèn ing ngarepé angin, kaya kulit gabah kabur karo angin.
19
Tyilakané disimpen karo Gusti Allah kanggo anak-anaké. Apiké wong kuwi déwé sing diukum karo Gusti Allah, supaya rumangsa,
20
apiké mripaté déwé supaya weruh karusakané, lan dèkné déwé ngombé bebenduné sing Mahakwasa!
21
Awit dèwèké ijik perduli apa marang brayaté sakwisé mati, yèn wis entèk gunggungé sasiné?
22
Mosok Gusti Allah dikèki piwulang karo manungsa, Panjenengané sing ngadili wong-wong mau sangka nduwur!
23
Ana wong sing matiné ijik kanggonan kekuwatan pepak, karo tentrem lan kuwat,
24
bangkèkané lemu karo gajihé, lan sungsum balung-balungé ijik seger.
25
Ana menèh sing matiné karo lara atiné, lan ora tau ngrasakké sing énak.
26
Nanging kabèh pada semèlèh ing sak njeruhné lemah, lan pada dirubung karo sèt.
27
Lah aku wis weruh, sing dadi pikiranmu, lan akal sing ala sing kok rantyam kanggo aku.
28
Tembungmu: Ngendi omahé sing nyekel pangwasa, endi tarup sing dienggoni karo wong-wong duraka?
29
Apa kowé pada durung tau takon marang wong-wong sing mlaku ing dalan? Apa kowé bisa mbantah marang pituduh-pituduhé,
30
ya kuwi yèn wong ala diéman ing waktu dina tyilaka, lan diluwari ing dina bebenduné Gusti Allah?
31
Sapa sing bakal terus nggugat bab kelakuané lan ngganjar marang penggawéné?
32
Dèwèké digawa menyang kuburan, lan kuburané dirumati karo wong.
33
Kepénak enggoné ketutupan karo prongkolan-prongkolan lemah ing legokan; saben wong ngetutké dèwèké, lan sing wis ndisiki tanpa itungan.
34
Banget kotongé panglipurmu marang aku kuwi! Kabèh semauranmu kuwi mung ngapusi waé.”
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 22 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42