bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 40
Job 40
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 39
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 41 →
1
GUSTI terus ngomong menèh marang Ayub sangka sak tengahé lésus, mengkéné:
2
“Maraa dadia kaya wong lanang; Kowé bakal Tak tyeluk, Aku disauri.
3
Apa kowé arep ngilangi pengadilan-Ku nyalahké Aku supaya bisa mbenerké awakmu déwé?
4
Apa tanganmu kaya tangané Gusti Allah, lan apa kowé bisa ngetokké swara gembluduk kaya Panjenengané?
5
Yèn mengkono awakmu wènèhana rerékan kamulyan lan kaluhuran, kowé nganggoa kahurmatan lan wibawa!
6
Esokna nesumu sing mulat-mulat; awasana saben wong sing gemunggung lan asorna,
7
awasana saben wong sing sombong-sombong kuwi lan dingklukna. Lan wong duraka pada kok lebur ing panggonané!
8
Pendemen bebarengan ing njeruhné lebu, ukumen ing panggonan sing ndelik,
9
nganti Aku bakal ngelem-elem marang kowé, awit tanganmu tengen ngekèki kemenangan marang kowé.”
10
“Kowé nyawanga jaran Nil, sing wis Tak gawé uga kaya kowé. Kuwi mangan suket kaya sapi.
11
Kowé nyawanga kekuwatané sing manggon ing lempèngé kekuwatané ing ototé wetengé!
12
Enggoné ngentyengké buntuté kaya wit tyemara, otot-ototé pupuné talèn-talènan,
13
Balung-balungé kaya pipa tembaga, ragangané kaya balok wesi.
14
Kuwi sing ndisik déwé digawé karo Gusti Allah, makluk sing dikèki gaman pedang;
15
gunung-gunung pada ngetokké sing kanggo pakané; kéwan alasan pada seneng-seneng ing kono.
16
Jaran Nil mau enggoné njerum ing sak ngisoré wit traté, kaling-kalingan karo glagah lan rawa.
17
Tetukulan traté pada ngayomi karo ayang-ayangé, lan diubengi karo wit truntum.
18
Senajan iliné banyu banter banget, kéwan mau ora gemeter; senajan laut Yordan lubèr nyerang marang tyangkemé, atiné ya énak-énak waé.
19
Apa wong bisa nyekel sangka ngarep lan bisa ngeluhi irungé?”
20
“Apa kowé bisa nggèrèt bajul nganggo pantying, utawa njiret ilaté nganggo tali?
21
Apa kowé bisa masang tali penjalin ing irungé, utawa nyubleské gantolan ing rahangé.
22
Apa kira-kira kéwan mau bisa njaluk kawelasan marang kowé, utawa bisa ngomong alus marang kowé?
23
Apa kira-kira bisa nggawé perjanjian karo kowé, nganti terus kowé ndadèkké batur ing selawasé?
24
Apa kowé bisa dolanan karo kéwan mau kaya karo manuk, lan apa bisa kok dadèkké dolanané anak-anakmu wadon?
25
Apa kira-kira kena didadèkké dagangané para tukang nggolèk iwak, utawa diedum-edum ing antarané para wong dagang?
26
Apa kulité kena kok jojohi karo tumbak, utawa endasé karo tlempak?
27
Tanganmu kok tumpangna ing endasé! Elinga marang enggoné tarung! Kowé ora bakal nindakké mengkono menèh!
28
Pengarep-arepmu kuwi tenan tanpa isi. Ijik weruh kéwan kuwi waé, wong wis ambruk.
← Chapter 39
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 41 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42