bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 37
Job 37
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 36
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 38 →
1
“Nyata kuwi ndadèkké gemeteré atiku nganti njingkat sangka panggonané.
2
Rungokna, rungokna gembluduké swarané, gluduk sing metu sangka tutuké.
3
Sing diutyuli ing sak uruté jembaré langit lan uga klélapé menyang pojok-pojokané bumi.
4
Sakwisé mengkono Panjenengané ditutké karo swara gemrubuk, gembluduk swarané kaluhurané. Yèn swara kuwi dirungokké Panjenengané ora ngéman bledèké.
5
Gusti Allah ngetokké swara gemleger sing ngidap-idapi. Panjenengané nindakké penggawéané gedé sing ora kena digayuh karo kaweruh kita,
6
awit salju diomongi: Tibaa ing bumi! Lan marang udan deres lan udan sing gembrojok préntahé: Deresa!
7
Saben wong tangané ketalènan lan dikèki ségel, supaya kabèh wong weruh penggawéané.
8
Kéwan alasan pada mlebu ing panggonan pandelikané lan mapan ing guwa-guwané.
9
Lésus njedul sangka gedongé, lan hawa adem sangka lor.
10
Napasé Gusti Allah njalari kedadiané ès, lan nduwuré banyu dadi kentel.
11
Mendung dimomoti banyu, lan mendung nylorotké klélapé,
12
klélapé terus nyamber-nyamber menyang ngendi-endi miturut karo préntahé, ing bumi nindakké kabèh sing dipréntahké;
13
Gusti Allah nggawé supaya bisa nggayuh tujuané kanggo ngukum isiné buminé apa kanggo njembarké katrésnan-Né.
14
Kuwi kabèh rungokna, hé! Ayub, menenga lan gatèkna marang mujijat-mujijat Gusti Allah.
15
Apa kowé weruh kepriyé enggoné Gusti Allah ngekèki tugas marang kuwi kabèh lan enggoné nylorotké padangé sangka mendung?
16
Apa kowé ngerti bab mlakuné mendung, lan bab mujijat-mujijat sing maha weruh,
17
kowé, sing krasa marang angeté sandangan, yèn bumi meneng awit kena panasé angin sangka kidul.
18
Apa kowé bisa nata mendung dadi sak dawané langit kaya Panjenengané, nganti padet kaya pangilon tyitakan?
19
Kita diomongi, kepriyé kita kudu pada ngomong apa marang Panjenengané, awit kita ora bisa ngomong apa-apa, jalaran kepetengan.
20
Apa ana sing bakal ngekèki ngerti, yèn aku arep nduwé tembung? Apa wong tau omong, yèn kepéngin dientèkké.
21
Saiki pepadang ora kétok, awit kepetengan karo mendung, nanging mengko kena karo angin, terus resik padang.
22
Sangka sisih lor ana pepadang sing kaya emas, Gusti Allah dikwasani karo kamulyan sing medèni.
23
Sing Mahakwasa, sing pada ora tak mengertèni, kuwi gedé pangwasané lan keadilané; senajan sugih kabeneran, senajan mengkono ora nindes,
24
mulané diwedèni karo wong, lan saben wong sing rumangsa wityaksana, kuwi ora diperduli.”
← Chapter 36
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 38 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42