bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 27
Job 27
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 26
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 28 →
1
Ayub neruské rembukané, tembungé:
2
“Kanggo Gusti Allah sing ora ngekèki keadilan marang aku lan kanggo sing Mahakwasa sing nindakké pait-getir marang nyawaku,
3
selawasé ambekanku durung suda, lan napasé sangka Gusti Allah ijik ing irungku,
4
lambéku tenan ora bakal ngutyapké sing goroh lan ilatku ora bakal nglairké sing ala.
5
Aku babar pisan ora mbenerké kowé! Nganti aku mati aku tetep ngwasani, yèn aku ora salah.
6
Kebeneranku tak gondèli kentyeng lan ora bakal tak etyulké; atiku ora bisa nyalahké dinané uripku siji-sijia.
7
Mungsuhku bèn ngrasakaké kaya wong duraka, lan wong sing nglawan marang aku kaya wong lityik.
8
Awit apa ta pengarep-arepé wong duraka, yèn Gusti Allah ngomong lan njupuk uripé?
9
Apa Gusti Allah bakal ngrungokké jeritané, yèn katekan kangèlan?
10
Apa bisa seneng-seneng awit sangka sing Mahakwasa lan tansah nyebut marang Gusti Allah?
11
Aku arep ngekèki weruh marang kowé bab tangané Gusti Allah, apa sing dikarepké karo sing Mahakwasa ora bakal didelikké.
12
Sak beneré kowé kabèh wis pada weruh déwé; kenèng apa kowé pada mikir sing ora-ora?
13
Ya iki pandumané wong duraka sing ditemtokké karo Gusti Allah, lan ganjarané wong dursila pawèhé sing Mahakwasa:
14
yèn anaké dadi okèh pada dadi pangané pedang lan anak putuné bakal kekurangan pangan.
15
Nanging sing ijik urip bakal medun ing kuburan awit sangka memala, ora ditangisi karo randané.
16
Yèn numpuk banda tyatyahé nganti kaya lebu, lan numpuk sandangan nganti kaya lempung,
17
senajan dèwèké sing numpuk, nanging sing nganggo wong sing bener, lan wong sing ora salah sing bakal ngedum-edum duwité kuwi.
18
Enggoné ngedekké omah kaya jaringé kalamangga, kaya gepuk gawéané tukang jaga.
19
Enggoné nglèyèh kaya wong sugih, nanging kuwi ora bakal kelakon menèh, bareng melèké mripaté, samubarang kabèh wis ora ana.
20
Wong mau kena karo rasa wedi kaya tekané banjir, ing wayah mbengi digawa kabur karo lésus,
21
direbut karo angin wétan nganti entèk, kebuwang sangka panggonané.
22
Dibandemi karo Gusti Allah tanpa welas, karo gugup enggoné ngéndani tangané.
23
Dikeploki karo wong okèh lan disingsoti sangka panggonané.”
← Chapter 26
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 28 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42