bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 33
Job 33
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 32
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 34 →
1
“Nanging saiki, hé Ayub, rungokna tembungku, lan rungokké marang tembung-tembungku.
2
Ngertia, aku wis mbukak tutukku, ilatku ngomong ing sak ngisoré tyetaku.
3
Atiku ngomongké tembung karo jujur, lan lambéku ngomongké karo tyeta apa sing diweruh.
4
Aku digawé karo Rohé Gusti Allah, lan napasé sing Mahakwasa njalari aku urip.
5
Yèn kowé bisa, aku semaurana, mapana adep-adepan karo aku.
6
Sak temené kanggo Gusti Allah aku karo kowé kuwi pada waé, aku ya dibangun sangka lempung.
7
Mulané kowé aja wedi ing ngarepku, ora abot enggonku bakal menet marang kowé.
8
Nanging kowé wis ngomong ing sak tyedaké kupingku, lan aku wis krungu enggonmu ngomong mengkéné:
9
Aku iki resik aku sepi karo panerak, aku sutyi tanpa kesalahan.
10
Nanging Panjenengané olèh alasan kanggo nglawan marang aku, aku dianggep mungsuhé.
11
Sikilku dibelok, sak mlakuku tansah didelok.
12
Semaurku marang kowé: Ing bab kuwi kowé ora bener, awit Gusti Allah kuwi ngungkuli manungsa.
13
Kenèng apa kowé kok nesoni Panjenengané, awit ora nyauri marang kabèh tembungmu?
14
Awit Gusti Allah enggoné ngekèki tembungé karo tyara siji loro, nanging wong ora nggatèkké.
15
Sak njeruhné impèn, sak njeruhné wahyu ing wayah mbengi, yèn wong turu kepati, yèn lèyèh-lèyèh ing peturon;
16
ing kono Panjenengané mbukak kupingé manungsa lan nggatèkké wong-wong mau karo melèh-melèhké,
17
kanggo pepalang pertingkahé lan kanggo ngilangi gemunggungé,
18
nganti nyawané disingkirké sangka kubur lan uripé sangka lintyipé tumbak.
19
Wong kelakon disenèni karo ngalami lara ing peturonmu, ing sak njeruhné balung-balungé tansah ana rasa lara sing tanpa mandek.
20
Nganti wetengé jelèh roti, ilang kekarepané mangan sing énak-énak.
21
Dagingé susut nganti ora kétok, balung-balungé sing mbiyèn ora kétok, terus pada pating pedégol.
22
Nyawané wis nyedaki kubur, lan uripé nyedaki pati.
23
Yèn ana mulékat ing sandingé, sing dadi penengahé, siji ing antarané 1000, sing dikongkon ngomongké kebenerané manungsa,
24
ing kono Gusti Allah bakal ngekèki kawelasan tembungé: Etyulna wong kuwi, supaya aja nganti medun ing kubur, Aku wis olèh tebusan.
25
Wong mau terus disegerké awaké kaya wong nom, dadi kaya waktu ijik nom.
26
Yèn ndedonga marang Gusti Allah, Panjenengané ya gelem ngrungokké, nganti weruh praupané karo bungah-bungah, lan Gusti Allah terus mbalèkké kebenerané marang manungsa.
27
Wong mau terus bakal tyrita marang wong-wong liyané kaya kidung mengkéné: Aku wis nglakoni dosa lan sing jejek wis tak béngkongaké, nanging aku ora kewales.
28
Gusti Allah wis mitulungi nyawaku nganti ora tiba ing kubur, lan uripku bakal weruh pepadang.
29
Kabèh iki tenan-tenan penggawéané Gusti Allah sing kaping pindo, kaping telu ditibakké marang manungsa,
30
karepé mbalèkké nyawané sangka kubur terus keslorotan ing padangé urip.
31
Hé Ayub, gatèkna, rungokna aku, menenga, aku sing guneman.
32
Yèn ana sing bakal kok omongké, semaurana aku: ngomonga, awit aku kepéngin bisa mbenerké kowé.
33
Yèn ora, rembukanku rungokna; kowé menenga, aku arep ngekèki weruh kawityaksanan marang kowé.”
← Chapter 32
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 34 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42