bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 3
Job 3
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 4 →
1
Sakwisé mengkono Ayub terus ngomong, nyepatani dina kalairané;
2
tembungé mengkéné:
3
“Tumpesa dina kalairanku, mengkono uga wengi sing muni: Wis dadi anak lanang ing wetengku.
4
Dina kuwi dadia peteng, aja dipikir karo Gusti Allah ing nduwur, aja keslorotan pepadang.
5
Supaya dikebaki karo pepeteng lan ditutup petengé pati, kebuntel karo mendung, dikagètké karo grahanané srengéngé.
6
Wengi kuwi - ketutup karo peteng ndedet; aja nganti bungah-bungah, ing dina sak njeruhné setaun, aja diitung tyampur karo tyatyahé sasi-sasi.
7
Lan wengi kuwi tetepa ora ana sing nglairké, lan aja dirungokké swarané kabungahan.
8
Disumpetana karo para wong sing nyepatani dina, karo wong sing pinter nangèkké nesuné Léwiatan.
9
Lintang-lintang ésuk pada tetep peteng; tanpa gawé enggoné ngentèni tekané pepadang, aja nganti weruh kétoké ésuk wétan,
10
awit ora nutupi lawangé wetengé ibuku, lan ora ngaling-alingi kasusahan ing ngarepé mripatku.
11
Kenèng apa aku ora mati waktu lair, lan ora pedot nyawaku waktu metu sangka wetengé?
12
Kenèng apa ana dengkul sing mangku awakku; lan ana susu sing nusoni aku?
13
Yèn ora mengkono, aku apa ora bisa lèyèh-lèyèh karo tentrem; bisa turu lan ngasuh
14
tyampur karo ratu lan para imam ing ndonya, sing wis pada mbangun gempuran kanggo piyambaké,
15
lan tyampur karo para penggedéné sing nduwé emas, lan omahé dikebaki slaka,
16
utawa kenèng apa aku ora kaya bayi kluron sing didelikké, kaya bayi sing ora nganti weruh pepadang?
17
Ing kono para wong dursila mandek enggoné nggawé ala, lan para wong sing kentèkan tenaga pada lèrèn.
18
Ing kono para wong tawanan pada olèh katentreman, wis ora krungu swarané sing ngwasani.
19
Wong tyilik lan wong gedé dianggep pada ing kono, lan batur wis luwar sangka bendarané.
20
Kenèng apa wong ringkih dikèki pepadang, lan sing kasusahan dikèki urip?
21
Sing banget kepéngin mati, nanging ora mati-mati, sing enggoné nggolèki ngungkuli wong sing ngeduk banda sing kependem;
22
yèn nemoni kuburané, bungahé luwih banget nganti surak-surak;
23
wong lanang sing dalané kaling-kalingan, ditutupi karo Gusti Allah.
24
Awit nggresulaku wis kaya dadi rejekiku, lan sambatku kutah kaya waé banyu.
25
Dasar apa sing tak sumelangké, terus nekani aku uga, lan apa sing tak wedèni, ya terus nyerang aku.
26
Aku ora bisa ayem lan ora olèh lèrèn utawa tentrem, mung kangèlan sing nekani aku.”
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 4 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42