bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 13
Job 13
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 14 →
1
“Lah kuwi kabèh wis tak deleng karo mripatku, tak rungokké karo kupingku lan tak mengertèni.
2
Apa sing pada kok ngerti, aku ya ngerti, aku ora kalah karo kowé.
3
Nanging aku arep ngomong marang sing Mahakwasa, aku kepéngin mbélani perkaraku ing ngarepé Gusti Allah.
4
Nanging kowé kabèh kuwi wong sing pada nutupi gorohmu, lan pada dadi dukun sing palsu.
5
Yèn kowé pada meneng babar pisan, kuwi malah dadi kawityaksananmu.
6
Rungokna ta semaurku lan gatèkna jawabané lambéku!
7
Apa kowé gelem goroh kanggo Gusti Allah, apa kowé gelem ngapusi kanggo Panjenengané?
8
Apa kowé gelem mbélani Gusti Allah lan bantahan kanggo mbélani Panjenengané?
9
Apa apik, yèn Panjenengané sing mriksa marang kowé? Apa kowé bisa ngapusi Panjenengané kaya ngapusi wong?
10
Kowé bakal pada diukum abot yèn kowé mbélani karo meneng-meneng.
11
Apa kamulyané Gusti Allah kuwi ora bakal ngagètké kowé, lan apa kowé ora bakal ketiban rasa wedi?
12
Pepéling-pepélingmu kuwi wulang bebasan lebu lan tamèngmu kuwi tamèng lempung.
13
Pada menenga! Aku arep ngomong, senajan apa waé sing bakal ditibakké marang aku, tak sanggané!
14
Dagingku arep tak jupuk karo untuku, lan nyawaku arep tak sangga karo tanganku.
15
Delengen, Panjenengané arep matèni aku, aku wis ora nduwé pengarep-arep, nanging aku arep mbélani ing bab mlakuku ing ngarepan-Né.
16
Panjenengané bakal dadi keslametanku, nanging wong lamis ora kena ngadep ing ngarepé.
17
Rungokna sing tenanan tembung-tembungku, lan gatèkna tegesé!
18
Ngertia, aku wis nyawiské perkaraku, aku yakin, yèn aku bener.
19
Sapa sing kuwat padu karo aku, ya wis, aku tak meneng waé terus tak mati.
20
Mung rong perkara supaya aja Panjenengan nindakké marang aku, dadi aku ora bakal ndelik sangka ngarepé Panjenengan,
21
ya kuwi: Tangan-Né supaya disingkirké sing adoh sangka kula, lan uga rasa gemeter marang Panjenengan aja ditibakké marang kula,
22
terus Panjenengan supaya nyeluk kula, kula ya bakal nyauri; utawa kula sing ngomong lan Panjenengan sing nyauri.
23
Sak pira ta gedéné kesalahan lan dosa kula? Kula supaya Panjenengan nduduhké marang panerak lan dosa kula.
24
Apa sebabé Panjenengan nganti ndelikké praupan Panjenengan lan kula Panjenengan anggep mungsuh?
25
Godong kabur kanginan kok Panjenengan nggawé gemeter; damèn garing kok Panjenengan uber-uber!
26
Awit kula Panjenengan tibani sing pait getir, kesalahan waktu nom-noman kula kuwi Panjenengan tibakké marang kula,
27
taleré kula Panjenengan ranté, lan sak mlaku kula Panjenengan ulat-uletké, tlapakané kula Panjenengan pasangi palangan,
28
nanging kuwi kanggo wong sing wis ringkih kaya kayu gapuk, kaya mori sing dipangan karo rayap.”
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 14 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42