bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 39
Job 39
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 38
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 40 →
1
Apa kowé bisa nggolèkké memangsané singa wédok, lan bisa maremké marang singa nom,
2
yèn pada mendek-mendek ing guwané yèn pada ndingkik ing grumbulan?
3
Sapa sing nyawiské pangané gagak, yèn anaké pada sambat marang Gusti Allah, pada mbengok-mbengok awit ora ana pangan?
4
Kowé apa weruh wantyiné wedus gunung nduwé anak, utawa apa namatké menjangan wédok enggoné mbayi?
5
Apa kowé bisa ngitung pirang sasi enggoné meteng lan apa bisa weruh ing waktuné manak?
6
Enggoné nglairké anaké, karo njengking lan terus ngetokké isiné wetengé.
7
Anaké pada dadi rosa lan gedé ing ara-ara, pada lunga lan ora bali marang emaké.
8
Sapa sing ngumbar kimar alasan, utawa sapa sing ngutyuli dadungé kimar ing ara-ara?
9
Ara-ara sing Tak wènèhké dadi panggonané lan tanah asin dadi panggonané.
10
Raméné kuta dipoyoki, ora krungu swarané sing nggiring;
11
terus golèk pangonan ing gunung-gunung, lan nggolèki samubarang sing ijuh.
12
Apa sapi alasan gelem teluk marang kowé utawa gelem turu ing sak tyedaké ambènmu yèn mbengi?
13
Apa kowé bisa meksa sapi alasan manut pasangané ngluku karo keluhan, utawa nggaru bumi ing legokan ngetutké mlakumu?
14
Apa kowé pertyaya, awit gedé kekuwatané? Utawa terus kowé dipasrahi penggawéanmu sing abot?
15
Apa kowé netepaké, yèn bakal nguléhké pametuné lemahmu, lan nglumpukké ing panggonan pametuné gandummu?
16
Manuk unta ngeblak-ngeblak karo bungah nanging apa sewiwi lan wuluné kuwi ndadèkké manuk ooievaar?
17
Awit endoké ditinggal nang lemah, lan ditokké lan dienggremi ing wedi,
18
nanging lali, yèn endok mau bisa kepidak sikil, lan diiles-iles karo kéwan alasan.
19
Ngrumati marang anak-anaké abot kaya duduk anaké déwé; senajan rekasané tanpa guna, ora perduli,
20
awit ora dikèki kawityaksanan karo Gusti Allah lan ora dipandumi pangertèn.
21
Yèn ngeblak-ngeblak karo gemunggung, terus nggeguyu jaran lan sing numpaki.
22
Apa kowé sing ngekèki karosan marang jaran? Apa kowé sing nyandangi jenggèr ing gitoké?
23
Apa kowé sing nggawé bisa mlumpat kaya walang? Yèn nggeber medèni tenan.
24
Enggoné takur-takur ing lemah karo seneng, enggoné maju metuk gaman karo kekuwatan.
25
Sembarang sing medèni diguyu lan ora tau wedi uga ora gelem mundur yèn adep-adepan karo pedang.
26
Wadah panah kemrintying ing sak nduwuré, tumbak lan tuwok pating tylèrèt.
27
Karo kendel lan galak lemah dikemah-kemah, lan banget notolé yèn krungu uniné trompèt;
28
ngerik-ngerik yèn trompèt diunèkké; lan sangka kadohan wis bisa ngambus anané perang, banteré swarané para penggedéné lan suraké suradadu.
29
Apa kepinteranmu sing mulangi maburé manuk alap-alap karo megarké swiwiné nuju ngidul?
30
Apa awit sangka préntahmu manuk beri kuwi enggoné terus mumbul lan nusuh ing panggonan sing duwur?
31
Enggoné manggon lan nusuh ing gunung watu, ing putyuké gunung watu lan ing gunung sing angèl diunggahi.
32
Ing kono enggoné ingak-inguk memangsané, matané ngawas-awasi sangka kadohan;
33
anaké pada nyosropi getih lan ing ngendi ana batang, manuk beri mesti ing kono.”
34
GUSTI terus nyauri, tembungé marang Ayub:
35
“Tukang ndakwa apa ijik arep nggawé perkara marang sing Mahakwasa? sing nyalahké Gusti Allah kuwi supaya nyauri!”
36
Ing kono semauré Ayub marang GUSTI:
37
“Tenan, kula kuwi asor banget, kula bakal nyauri apa marang Panjenengan? Tutuk kula kula tutupi karo tangan.
38
Sepisan kula wis nduwé tembung, nanging bakal ora kula takokké menèh; malah kaping pindo, nanging ora bakal kula terusaké.”
← Chapter 38
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 40 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42