bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 7
Job 7
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 6
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 8 →
1
“Manungsa kuwi ing bumi apa ora kudu kerja abot, étungané umuré kaya dinané wong buruh?
2
Kaya upamané batur sing kepéngin panggonan sing iyup, utawa kaya buruh ngentèn-entèni upahé,
3
ya mengkono enggonku nduwé pirang-pirang sasi kebak tyilaka, lan pirang-pirang mbengi kebak kasusahan.
4
Yèn aku mapan turu tembungku: Mbésuk apa aku bakal bisa tangi? Nanging benginé mulur dawa, nggawé kesel enggonku ngolang-ngaling nganti tekan wayah uput-uput.
5
Awakku ketutupan sèt lan lebu, kulitku pating prentul, terus metyah metu nanahé.
6
Dina-dinaku banteré ngungkuli tropongé tenunan, ilangé tanpa ninggal pengarep-arep.
7
Panjenengan supaya gelem éling, yèn urip kula kuwi mung abab waé, lan mripat kula ora bakal weruh sing apik menèh.
8
Wong sing weruh kula saiki, mbésuk wis ora bakal weruh menèh. Panjenengan weruh kula, nanging kula wis ora ana.
9
Kaya mendung sing lebur terus entèk, ya mengkéné wong sing medun menyang ndonyané wong mati ora bakal mentas menèh.
10
Ora mulih-mulih ing omahé malih, ora bakal dikenal karo panggonan ing panggonané malih.
11
Mulané kula ora bakal ngendek tutuk kula, kula bakal ngomong ing sak njeruhné kangèlané nyawa kula, lan bakal sambat sak njeruhné paité ing ati kula.
12
Apa kula kuwi segara utawa monster segara, nanging Panjenengan nganti nganakké njaga kanggo kula?
13
Yèn kula mikir: Peturonku bakal ngekèki panglipuran marang aku, lan ambènku bakal ngèntèngké sambatku,
14
kula terus Panjenengan kagètké karo impèn lan Panjenengan nggawé wedi karo werna-werna ing njeruhné turu,
15
sak nalika kula luwih seneng ditekek, terus mati tenimbang ngrasaké kasusahan kula.
16
Kula wis jelèh, kula ora saguh urip ing sak lawasé. Kula supaya Panjenengan etyulké, awit urip kula kuwi mung kaya abab waé.
17
Manungsa kuwi apa ta, nanging nganti Panjenengan anggep gedé, lan Panjenengan gatèkké,
18
Panjenengan éndangi saben ésuk, lan saben-saben Panjenengan nyoba?
19
Mbésuk apa enggèn Panjenengan ora bakal nggatèkké kula menèh, lan ngetyulké kula, terus kula bisa ngulu idu kula?
20
Yèn kula nggawé dosa, apa sing kula tindakké marang Panjenengan, duh Gusti Allah, sing njaga manungsa? Kepriyé kula Panjenengan dadèkké tujuané panah-Mu, nganti abot enggèn kula nggawa awak kula déwé?
21
Lan apa sebabé Panjenengan ora gelem ngapura kesalahan kula, lan ora gelem ngilangi duraka kula? Awit mengko kula bakal turu ing lemah, lan Panjenengan terus bakal nggolèki kula, nanging kula wis ora ana menèh.”
← Chapter 6
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 8 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42