bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 8
Job 8
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 7
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 9 →
1
Terus Bildad wong Suah nyauri, tembungé:
2
“Nganti pira suwéné enggonmu nduwé tembung mengkono kuwi, lan tembungé tutukmu kaya angin gedé kuwi?
3
Apa ya Gusti Allah mbéngkongké keadilan? Apa ya sing Mahakwasa mbéngkongké sing bener?
4
Yèn anak-anakmu pada nggawé dosa marang Panjenengané, mesti wis dipasrahké marang pangwasané paneraké déwé.
5
Nanging yèn enggonmu nggolèki Gusti Allah, lan njaluk kawelasan marang sing Mahakwasa,
6
angger kowé resik lan temen, Panjenengané mesti terus tangi lan mitulungi kowé, lan ndandani omah sing dadi wewenangmu.
7
Terus kahananmu sing mbiyèn bakal kétok asor, nanging kahananmu sing bakal klakon bakal dadi mulya banget.
8
Takona ta bab wong-wong jaman mbiyèn, lan gatèkna apa sing wis dititipriksa karo para leluhuré.
9
Awit kita iki botyah dèk wingi soré, pada ora weruh apa-apa, awit umur kita ing ndonya iki kaya ayang-ayang.
10
Para leluhur kita apa ora kudu mulangi lan ngomong marang kowé, lan ngetokké tetembungan sing metu sangka atiné.
11
Bangsané suket glagah apa bisa tukul duwur, yèn ora ing rawa, utawa glagah apa bisa tukul subur yèn tanpa banyu?
12
Senajan ijik arepé tukul, sak durungé waktuné wis dibatyok, apa ora mesti terus gelis alum, tenimbang karo suket liyané.
13
Ora béda karo lelakoné sak kabèhé wong sing ora éling marang Gusti Allah; kuwi entèk pengarep-arepé;
14
pengarep-arepé kaya jaring kemlandingan, lan pengandelé kaya jaring kalamangga,
15
omahé dienggo sèndènan, nanging ora bisa terus ngadek, digondèli, nanging ora kuwat.
16
Dèwèké kaya tetukulan sing ijik seger ing padangé srengéngé, ngglolor rata ing petamanan.
17
Oyot-oyoté nggubet-nggubet ing tumpukan watu, lan nlesep-nlesep ing sela-selané watu-watu kuwi.
18
Yèn dijebol sangka panggonané, terus ora diakoni karo panggonan mau, semauré: Aku durung tau weruh kowé.
19
Ya mengkono kuwi kabungahané uripé, lan terus ana tetukulan liyané sing tukul sangka lemah.
20
Ngertia, Gusti Allah ora bakal nampik wong sing temen, lan ora nuntun tangané wong sing nggawé ala.
21
Panjenengané ijik nggawé tutukmu ngguyu, lan nggawé lambému surak-surak.
22
Mungsuhmu bakal ngalami kisinan, lan tarupé wong ala bakal entèk.”
← Chapter 7
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 9 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42