bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 31
Job 31
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 30
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 32 →
1
“Aku wis nggawé perjanjian karo mripatku, mulané waktu aku nganti mandeng marang prawan!
2
Awit apa ta sing dadi berkah sing ditemtokké karo Gusti Allah sangka nduwur, lan apa ta sing dadi panduman sing ditetepaké karo sing Mahakwasa sangka nduwur?
3
Apa duduk tyilaka kanggo wong sing salah, lan tyilaka kanggo wong sing nindakké sing ala?
4
Apa duduk Gusti Allah sing weruh dalanku, lan sing ngitung kabèh jangkahku?
5
Yèn aku tau sesrawungan karo tembung goroh utawa sikilku gelis-gelis marani sing ala,
6
supaya aku ditimbang karo timbangan sing tliti, ing kono Gusti Allah bakal ngerti, yèn aku ora nduwé kesalahan.
7
Yèn mlakuku nyimpang sangka dalan, lan atiku nuruti mandengé mripatku, lan tanganku ketèmplèkan karo reget,
8
apa sing tak sebar bèn dipangan wong liyané, lan apa sing tukul kanggo aku bèn dijeboli.
9
Yèn atiku kepéntyut marang wong wadon, lan aku ngadang ing lawangé sak pepadaku,
10
bojoku bèn nggilingké wong liyané, lan bèn diajak turu wong liyané.
11
Awit kuwi tumindak sing rusuh, malah kuwi sing ala sing pantes diukum karo rèkter.
12
Kuwi sejatiné geni sing ngobong nganti entèk, lan nggosongké kabèh pametuku.
13
Yèn aku tau ora mikir marang wewenangé peladènku lanang utawa wadon, waktu perkaran karo aku,
14
apa daya-kekuwatanku, yèn Gusti Allah terus ngadek, yèn Panjenengané nganakké pamriksaan, aku nduwèni semaur kepriyé?
15
Apa duduk Panjenengané sing nggawé aku ing wetengé ibuku lan sing uga nggawé wong mau? Apa ora mung Siji ta sing nganakké kita ing wetengé? Ya kuwi Gusti Allah sing pada.
16
Yèn aku tau nampik kepénginané para wong tyilik, njalari mripaté randa dadi bengep
17
utawa panganku tak pangan déwé, nanging anak lola ora mèlu mangan
18
- malah kaya bapak enggonku nggedèkké botyah mau, lan enggonku nuntun wiwit ing wetengé ibuné -
19
yèn aku weruh wong mati awit tanpa sandangan, utawa wong mlarat sing ora nduwé kemul,
20
lan bangkèkané ora njalukké berkah aku lan awaké ora diangetké nganggo wuluné wedusku;
21
yèn aku tau ngatyungké tanganku nglawan marang botyah lola, awit aku weruh wong sing ngréwangi aku ing lawangé gapura,
22
bèn balung pundaku pisah sangka bauku, lan lengenku bèn tugel sangka ros-rosané.
23
Awit tyilaka sing sangka Gusti Allah ndadèkké wediku, lan aku tanpa kekuwatan ing ngarepé kaluhuran-Né.
24
Yèn sing tak pertyaya kuwi emas lan aku ngomong marang emas: kowé sing dadi pengandel-andelku
25
yèn aku bungah awit sangka gedéné kasugihanku lan awit tanganku ngekèki banda nganti okèh banget,
26
yèn aku tau nyawang srengéngé waktu semlorot, lan mbulan enggoné mlaku karo apiké,
27
terus meneng-meneng atiku ketalènan, lan terus ngekèki ambungan tangan,
28
kuwi uga dadi duraka sing pantes diukum karo rèkter, awit aku nyélaki Gusti Allah ing nduwur.
29
Yèn aku tau bungah awit mungsuhku tyilaka, lan surak-surak, yèn dèwèké katekan ing kasangsaran,
30
aku ora bakal nglilani tutukku nggawé dosa, mujèkké matiné karo sumpah.
31
Yèn wong-wong ing tarupku ora ngomong: Sapa sing ora warek awit sangka lawuhé?
32
Malah senajan wong mantya ora tau ana sing nginep ing njaba, lawangku pada dibukak kanggo wong lelungan!
33
Yèn aku nutupi panerakku kaya Adam, karo ndelikké kesalahanku ing sak njeruhné atiku,
34
awit aku pekéwuh marang masarakat lan wedi yèn dityatyat sanak-sedulur, terus aku meneng waé lan ora metu sangka lawang!
35
Ah, mbok ana sing ngrungokké aku ya! - ya iki tanda-tanganku! sing Mahakwasa supaya gelem nyauri aku! - Lan mbok ya ana layang ndakwa sing ketulis karo mungsuhku!
36
Tenan, layang kuwi bakal tak panggul lan tak enggo kaya makuta.
37
Kabèh jangkahku bakal tak omongaké marang Panjenengané, aku bakal ngadep ing ngarepé kaya ratu.
38
Yèn kebonku sambat awit sangka aku, lan lukuné pada nangis,
39
yèn aku mangan pametuné nganti entèk tanpa bayaran lan nggawé susahé para sing nduwé,
40
sing tukul supaya duduk gandum nanging eri, lan duduk jewawut nanging alang-alang.” Tekan semono tembungé Ayub.
← Chapter 30
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 32 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42