bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Job 18
Job 18
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 19 →
1
Ing kono Bildad, wong Suah terus nyauri, tembungé:
2
“Nganti pira suwéné enggonmu ndawaké tembung; pikiranmu kanggokna ta, aku terus arep pada ngekèki pitutur.
3
Kenèng apa aku kok pada dianggep kéwan? Kenèng apa aku pada kok anggep bodo?
4
Kowé sing nyuwèk-nyuwèk awakmu déwé ing sak njeruhné nesumu, apa awit sangka kowé bumi bakal dadi suwung lan gunung watu mingset sangka panggonané?
5
Senajan mengkono pepadangé wong ala bakal dipatèni, lan urupé geniné ora semlorot.
6
Pepadang ing sak njeruhné tarupé dadi peteng, lan dimaré ing nduwuré mati.
7
Jangkahé sing kuwat dialang-alangi, lan pamikiré déwé njalari tibané,
8
awit sikilé déwé ndadèkké mlebu ing jaring, lan mlakuné liwat ing tutupé juglangan pasangan.
9
Tungkaké kena ing jiret, lan mlakuné terus mandek awit mlebu ing jiret.
10
Jalaran dipasangi tali sing kependem ing lemah, dalan sing diliwati dipasangi jiret.
11
Ing sak paran-parané tansah katekan kagèt lan diuyak karo rasa wedi,
12
tansah dadi kepénginané kasangsaran, lan karusakan ngentèn-entèni wantyi tibané.
13
Kulité awaké dipangan karo lara, malah sak kujur awaké pada dipangan karo lelara sing nekaké pati.
14
Dèwèké disèrèt sangka tarupé, - nanging kuwi panggonan sing nentremaké - terus digawa menyang ratuné rasa wedi.
15
Ing tarupé mung kèri apa sing ora ana gegandengané karo dèwèké; panggonané kesawuran lirang.
16
Oyoté ing ngisor pada garing, lan pangé ing nduwur pada alum.
17
Pengéling-éling kanggo dèwèké entèk sangka bumi, ing dalan-dalan jenengé wis ora disebut.
18
Dèwèké ditundung sangka pepadang menyang pepeteng, lan ditundung sangka ndonya,
19
ora bakal nduwé anak utawa putu ing sak tengahé bangsané, lan wong siji waé ora ana sing tetep urip ing panggonané.
20
Wong-wong kulon bakal nggumun ing bab patiné, lan wong-wong wétan bakal pada wedi.
21
Ya kaya mengkono kuwi kedadian panggonané wong sing mlakuné nyasar, lan ya kaya mengkono kuwi kedadiané panggonané wong sing ora nganggep marang Gusti Allah.”
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 19 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42